Jakarta-Sukabumi Nunggang Sepur
Jakarta-Sukabumi nunggang sepur – Jakarta-Sukabumi mung 113 kilometer. Ora patia adoh, nanging yen nunggang montor pribadi bisa patang nganti pitung jam, Muacete pol! Akeh wong Jakarta sing wegah menyang Sukabumi jalaran macete kuwi.
N.E
Sepur Anyar
Syukur saiki kawula Jakarta bisa nunggang sepur Pangrango saka Stasiun Bogor. Jalur sepur Bogor-Sukabumi dikepyakake taun 2013, nanging tutup ing 2020 kanggo ndandani rel ganda. Wiwit Juni taun iki saka Bogor menyang Sukabumi bisa nganggo Pangrango maneh. Regane mundhak. Kelas Ekonomi sing maune Rp15.000 dadi Rp45.000, banjur Kelas Eksekutif saka Rp35.000 dadi Rp80.000. Ora ana wong protes jalaran sepure dadi apik lan luwih cepet.
Apa maneh salebare didandani, penumpang saka Jakarta bisa numpak saka Stasiun Bogor. Sadurunge 1 Juni 2022, wong sing numpak sepur Pangrango kudu munggah saka Stasiun Bogor Paledang, kurang luwih 200 meter saka Stasiun Bogor. Penumpang saka Jakarta nunggang KRL (Kereta Listrik) dhisik menyang Stasiun Bogor, banjur kudu mlaku munggahJPO ( Jembatan Penyeberangan Orang). “Jembatane ora lurus, nanging serong, marakake luwih dawa. Amarga jembatane sempit, nalika jam sibuk dadi uyel-uyelan. Medeni,” jare salah sawijine wanita sing tau munggah jembatan kuwi.
Penumpang saka Stasiun Bogor kudu wis duwe karcis. Kanggo nyuda antrian ing loket Stasiun Bogor, karcis didol ing Stasiun Paledang lan lumantar aplikasi KAI Access utawa Traveloka.
Saka Stasiun Bogor wis katon Gunung Pangrango ing sisih kidulwetan stasiun, kurang luwih 44 km saka Bogor, ing wates Bogor lan Sukabumi. Gunung kuwi sing dadi jenenge sepur saka Bogor menyang Sukabumi.
Sukabumi bisa tegese kutha Sukabumi lan Kabupaten Sukabumi. Kutha Sukabumi mapan ing Kabupatèn Sukabumi sing. Ibukota Kabupaten Sukabumi ana ing Palabuhanratu.
Resik lan Padhang
Jerone sepur Pangrango katon resik, padhang lan isis. Lungguhane sing warna biru enom ditata dadi rong larik. Saben baris bisa diisi rong penumpang. Lungguhane bisa disetel kanggo turonan kaya ing montor mabur. Saben cendhela dipasangi korden. Ing ngisor cendhela ana colokan kanggo ngisi batere HP lan laptop. Ing dhuwur cendhela ana wadhah kanggo nyelehake tas.
Sawise sepur budhal, prama-prami (kaya pramugari-pramugara ing montor mabur) nawani sega goreng lan ombenan. Penumpang uga bisa mangan lan lungguh ing gerbong restorasi.
Kanggo saperangan kawula Jakarta, sepur iki klemar-klemer. Kecepatane mung 40 kilometer per jam. Beda banget karo KRL sing mlayu nganti 70 kilometer per jam, utawa MRT Jakarta sing mabur 100 kilometer per jam. Nanging, “Aja dibanding-bandingke,” jare Farrel Prayoga, penyanyi cilik sing dadi misuwur salebare ditanggap ing Istana.
Pangrango beda karo sepur dalam kota, jalaran sepur kuwi mubengi Gunung Pangrango. Rile melengkung lan munggah mendhuwur. Sepur kudu alon-alon yen lagi menggok ing lengkungan ben ora mental saka ril. Ing fisika iki diarani gaya sentrifugal lan sentripetal. Gaya sentrifugal yaiku gaya sing nyurung metu saka lingkaran, dene gaya sentripetal yaiku gaya sing narik menyang pusat lingkaran. Mesthi wae KAI wis nggatekake iki supaya penumpang tetep aman.
Kebon, Gunung, Kali
Ben ora bosen ing sepur sing alon, penumpang dijak KAI ngrasakake endahe sesawangan pegunungan Jawa Barat. Mangkane cendhelane nganggo kaca sing bening lan amba.
Yen lelungan nganggo sepur menyang Jawa Tengah utawa Jawa Timur, penumpang bisa ngematke sawah-sawah. Nanging saka sepur Pangrango, sing katon wit-witan, jalaran rile ngubengi Gunung Pangrango.
Sukabumi sing mapan ana ing ereng-ereng gunung pancen subur. Jaman biyen wong Landa betah ing Sukabumi jalaran bisa tetanduran teh lan kopi. Mesthi wae wong Landa ora nandhangi dhewe, nanging ngongkon pribumi, wiwit saka nandur, ngerumat nganti panen.
Mbokmenawa kahanan jaman penjajahan ing Sukabumi padha karo ing Lebak, tlatah ing sisih kulone Kabupaten Sukabumi. Edward Douwes Dekker, sawise mundur saka jabatan Asisten Residen Lebak, nulis Max Havelaar sing jlentrehake uripe kawula Lebak sing mlarat versus penjajah sing sing dadi ndara ing tlatahe wong.
Beda karo Lebak, cathetan babagan Sukabumi dudu crita fiksi, nanging dokumen kebon teh lan kopine dr. Andries de Wilde ing taun 1815. De Wilde uga sing ngganti jeneng wewengkon kuwi saka Tjikole dadi Soekaboemi, tegese “tanah sing disenengi”.
Penumpang sing lungguh ing lajur tengen sepur bisa ndeleng ora mung kebonan, nanging uga Kali Cisadane sing tansah ngetutake ril. Ing tlatah Cijeruk kali kuwi menggok ngiwa, ngancani penumpang ing lajur kiwa. Cisadane salah sijine kali gedhe ing Pasundan. Dawane 126 kilometer, mili saka Gunung Pangrango menyang Segara Jawa. Saka cendhela sepur, kali kuwi katon ayem. Apa Cisadane wis tau ngamuk kaya Kali Aare ing Swiss? Ya mesthine. Ing internet akeh crita korban sing kleleb ing Cisadane.
Sepur Pangrango kudu alon-alon ngelewati buyute gunung lan kali. Mbokmenawa sepur iki apik kanggo penumpang saka kutha sing biasane kesusu. Nunggang sepur sing mlaku kaya putri Sala iki wong kutha bisa sinau gegayutan karo alam.
Narasi Basa Jawa Liyane
Body Shaming ing Tontonan Jaka Kendhil
Body Shaming ing Tontonan Jaka Kendhil njlentrehake kahanan Jaka Kendhil sing duwe tuna daksa lan gangguan komunikasi nanging dadi geguyonan.
Web Narasi N.EWS
Menulis Narasi dengan Renyah & Lincah
Pengisi Konten: Endah WS
Page Builder: Divi/Elegant Themes
Layout Pack: Writer
Font: Cutive Mono (Heading)/Ubuntu (Body Text)
N.EWS