Body Shaming ing Tontonan Jaka Kendhil

Body Shaming  ing Tontonan Jaka Kendhil – Nalika cilik aku ing Surabaya, dadi ora tau nonton kethoprak. Barang melu kelas Sinau Basa Jawa kelas Wasis, aku kudu nulis kritik marang tontonan kethoprak. Aku ora arep keminter nulis komentar sing ora ana dhasare. Marga pegaweanku ing pendidikan, aku nulis kritik bab bodyshaming. Mangga diwaca.

N.E

Ringkasane Crita

“Kalih dasa taun kepengker, kula dipuntundung dening Adhipati Adhinegoro jalaran kula nglairaken jabang bayi ingkang ala,” ucape Bu Satiyem, ibune Jaka Kendhil ing lakon Kethoprak Jaka Kendhil, sing digiyarake RRI Surakarta ing Youtube.

Ing lakon kuwi Jaka Kendhil wujute ala, nanging wani ngelamar putra wuragil Prabu Kandhanagara, Widawati. Maune Widawati ora gelem, nanging Jaka Kendhil nggawa sangsangan Widawati sing ilang. Widawati wis tau sumpah sapa wing isa nemokake sangsangan arep dipek dadi sedulur (yen wadon) utawa dadi bojo (yen lanang). Widawati ora isa mingser. Dheweke ngelakoni sumpahe. Saya suwi Widawati saya tresna marang Jaka Kendhil. Amarga ana tresna saka wanita suci, Jaka Kendhil malih dadi sampurna wujute.

Wujut sing Ora Sampurna

Ala kuwi kahanan sing orang sampurna. Ing kethoprak Jaka Kendhil, dicritakake Jaka Kendhil wujute ala. Yen saiki kahanan Jaka Kendhil kalebu difabel. Wujut tangane sing memburi kalebu tunadaksa. Suarane sing bindheng lan ora cetha ngomonge kalebu gangguan komunikasi jalanan saka rusake organ wicara.

Jaka Kendhil sing duwe wujut ora normal diece lan dipoyoki wong-wong. Guneman sing kamucap kaya ngene:

“Mbok Satiyem, nganti wani mlangkah marang Ndalem kadipaten. Apa wis mbok pikir. Putraku ayu-ayu ngene lho. Anakmu Jaka Kendhil wujute kaya mangkono,” ngendikane Prabu Kandhanagara.

“Amit-amit,” jare Widasari barang ditari Prabu apa gelem karo Jaka Kendhil.

“Rupane elek,” ucape biyung emban.

“Kakang Jaka Kendhil ki wujute ala,” jare Widawati.

Nalika yang-yangan karo jaka Kendhil, Widawati nirokake swara bindhenge Jaka Kendhil.

Moyoki wong jalaran awak ora sampurna miturut standar sing dadi tulada kuwi kasebut body shaming. Sing dadi poyokan isa bab bobot (lemu/kuru), wulu nang awak, model rambut (kriting/lurus), werna kulit (ireng/kuning/putih), rai (pesek/sipit/mrongos/ndhower/ompong), tumindhak jalaran wangun awak (pincang/dhengklang/bungkuk), swara (bindheng/pelo), lan sapiturute. Body shaming isa marahi wong dadi sedih, ora percaya diri utawa depresi.

Ing lakon Jaka Kendhil standar awak sing sampurna kuwi kaya ngene:

Kanggo wadon:

“Entuk garwa ayu glewa-glewa,” Prabu Kandhanagara ngalem Prameswari.

“Putraku ki sanadyan putri ya gagah, gedhe, dhuwur,” kandha Prabu Kandhanagara maring prabu sing ngayunke putrane.

“Lembah manah, alus, klecam-klecem sumeh,” jare Adhipati Hendrakusuma bab sing jenenge Widawati.

Kanggo lanang:

“Gedhe dhuwur,” Prameswari ngalem Prabu

“Gagah lan ageng,” Widaningtyas jlentrehake idam-idamane sing Adhipati Bratamenggala Salokapura.

body shaming

Body Shaming

Jaka Kendhil kasebut-sebut ala. Saka paragane Jaka Kendhil ing panggung katon yen wicarane bindheng kaya wong sumbing, lan tangane kaya wong Cerebral Palsy.

Miturut elmu pendidikan modern, sanadyan wujute ora normal, Jaka Kendhil duwe kemampuan kognitif, afektif lan psikomotorik sing apik. Ing bab kognitif, Jaka Kendhil isa mikir kaya liyane. Dheweke ngerti tatacara ngelamar, tatacara ing kraton, lan apa sing dadi hake (nagih janji marang putri prabu sing tau kandha arep ngepek bojo wong lanang sing nemokake sangsangane). Ing bab afektif dheweke percaya diri, ngajeni, lan tresna marang Widawati. Ing bab psikomotorik, dheweke isa silat ngalahke prajurit lan prabu sing uga nglamar Widawati, isa nyekel sangsangan, isa sembah sungkem, lan isa njunjung kursi.

Sumber konflik carita Jaka Kendhil kuwi wujut awake. Sakjane resolusi konflik luwih apik yen Jaka Kendhil isa ngatasi masalah-masalahe jalaran saka persepsi sosal sing ora apik marang wong difabel. Umpamane dheweke isa dadi bapak lan bojo sing apik dibandingke mantu-mantu liyane, sanadyan ora sampurna wujute. Dadi sing ngatasi masalah kuwi tokohe dhewe, dudu sutradara. Ing lakon Jaka Kendhil, sutradara ngubah nasib Jaka Kendhil dadi wujut sampurna sakwise Putri Widawati ngucapke tresnane. Iki negeske yen sutradara ngusung body shaming: nasib apik kuwi kanggo wujud awak sing sampurna.

Narasi Basa Jawa Liyane

Kemandirian

HiBantulah Aku Menolong DirikuNulla quis lorem ut libero malesuada feugiat. Donec rutrum congue leo eget malesuada. Vivamus magna justo, lacinia eget consectetur sed, convallis at tellus. Praesent sapien massa, convallis a pellentesque nec, egestas non nisi....

read more

city test

About San Francisco Etiam quis blandit erat. Donec laoreet libero non metus volutpat consequat in vel metus. Sed non augue id felis pellentesque congue et vitae tellus. Donec ullamcorper libero nisl, nec blandit dolor tempus feugiat. Aenean neque felis, fringilla nec...

read more

Mana Blok M-ku

Mana Blok Mu-ku adalah tulisan tentang pencarian terhadap Blok M yang dikenal penulis ketika masih kanak-kanak, remaja dan dewasa.

read more
Sewing Blogging

Sewing Blogging

Sewing and Blogging adalah tulisan tentang kegiatan menjahit dan menulis yang saya lakukan sebagai kesertaan dalam Ramadan Challenge.

read more
Buku-Buku Menyulam

Buku-Buku Menyulam

Buku-Buku Menyulam adalah tulisan tentang koleksi buku tentang menyulam saya. Buku itu saya beli di e-commerce dan layanan buku daring.

read more
Tas Kresek Wajah Baru

Tas Kresek Wajah Baru

Tas Kresek Wajah Baru adalah tulisan tentang proses mengolah wadah bingkisan Lebaran dari tas kresek. Dari tas kresek menjadi tas baru.

read more
Tas Angpau Lebaran

Tas Angpau Lebaran

Tas angpau Lebaran adalah cerita mengenai proses pembuatan tas anak perempuan untuk menaruh uang Lebaran (angpau)

read more
Boneka Ikan

Boneka Ikan

Boneka ikan adalah tulisan tentang proses membuat boneka kain berbentuk ikan yang ditujukan untuk anak usia 1 tahun hingga 6 tahun.

read more

Web Narasi N.EWS

Menulis Narasi dengan Renyah & Lincah

 

Pengisi Konten: Endah WS

Page Builder: Divi/Elegant Themes

Layout Pack: Writer

Font: Cutive Mono (Heading)/Ubuntu (Body Text)

 

 

N.EWS

× Hubungi saya