Jakarta-Sukabumi Nunggang Sepur

Jakarta-Sukabumi Nunggang Sepur

Jakarta-Sukabumi Nunggang Sepur 

Jakarta-Sukabumi nunggang sepur – Jakarta-Sukabumi mung 113 kilometer. Ora patia adoh, nanging yen nunggang montor pribadi bisa patang nganti pitung jam, Muacete pol! Akeh wong Jakarta sing wegah menyang Sukabumi jalaran macete kuwi. 

N.E

Sepur Anyar

Syukur saiki kawula Jakarta bisa nunggang sepur Pangrango saka Stasiun Bogor. Jalur sepur Bogor-Sukabumi dikepyakake taun 2013, nanging tutup ing 2020 kanggo ndandani rel ganda. Wiwit Juni taun iki saka Bogor menyang Sukabumi bisa nganggo Pangrango maneh. Regane mundhak. Kelas Ekonomi sing maune Rp15.000 dadi Rp45.000, banjur Kelas Eksekutif saka Rp35.000 dadi Rp80.000. Ora ana wong  protes jalaran sepure dadi apik lan luwih cepet.

Apa maneh salebare didandani, penumpang saka Jakarta bisa numpak saka Stasiun Bogor. Sadurunge 1 Juni 2022, wong sing numpak sepur Pangrango kudu munggah saka Stasiun Bogor Paledang, kurang luwih 200 meter saka Stasiun Bogor. Penumpang saka Jakarta nunggang KRL (Kereta Listrik) dhisik menyang Stasiun Bogor, banjur kudu mlaku munggahJPO ( Jembatan Penyeberangan Orang). “Jembatane ora lurus, nanging serong, marakake luwih dawa. Amarga jembatane sempit, nalika jam sibuk dadi uyel-uyelan. Medeni,” jare salah sawijine wanita sing tau munggah jembatan kuwi.

Penumpang saka Stasiun Bogor kudu wis duwe karcis. Kanggo nyuda antrian ing loket Stasiun Bogor, karcis didol ing Stasiun Paledang lan lumantar aplikasi KAI Access utawa Traveloka.

Saka Stasiun Bogor wis katon Gunung Pangrango ing sisih kidulwetan stasiun, kurang luwih 44 km saka Bogor, ing wates Bogor lan Sukabumi. Gunung kuwi sing dadi jenenge sepur saka Bogor menyang Sukabumi.

Sukabumi bisa tegese kutha Sukabumi lan Kabupaten Sukabumi. Kutha Sukabumi mapan ing Kabupatèn Sukabumi sing. Ibukota Kabupaten Sukabumi ana ing Palabuhanratu.

Jakarta-Sukabumi

Resik lan Padhang

Jerone sepur Pangrango katon resik, padhang lan isis. Lungguhane sing warna biru enom ditata dadi rong larik.  Saben baris bisa diisi rong penumpang. Lungguhane bisa disetel kanggo turonan kaya ing montor mabur. Saben cendhela dipasangi korden. Ing ngisor cendhela ana colokan kanggo ngisi batere HP lan laptop. Ing dhuwur cendhela ana wadhah kanggo nyelehake tas.

Sawise sepur budhal, prama-prami (kaya pramugari-pramugara ing montor mabur) nawani sega goreng lan ombenan. Penumpang uga bisa mangan lan lungguh ing gerbong restorasi.

Kanggo saperangan kawula Jakarta, sepur iki klemar-klemer. Kecepatane mung 40 kilometer per jam. Beda banget karo KRL sing mlayu nganti 70 kilometer per jam, utawa MRT Jakarta sing mabur 100 kilometer per jam. Nanging, “Aja dibanding-bandingke,” jare Farrel Prayoga, penyanyi cilik sing dadi misuwur salebare ditanggap ing Istana.

Pangrango beda karo sepur dalam kota, jalaran sepur kuwi mubengi Gunung Pangrango. Rile melengkung lan munggah mendhuwur. Sepur kudu alon-alon yen lagi menggok ing lengkungan ben ora mental saka ril. Ing fisika iki diarani gaya sentrifugal lan sentripetal. Gaya sentrifugal yaiku gaya sing nyurung metu saka lingkaran, dene gaya sentripetal yaiku gaya sing narik menyang pusat lingkaran. Mesthi wae KAI wis nggatekake iki supaya penumpang tetep aman.

Jakarta-Sukabumi

Kebon, Gunung, Kali

Ben ora bosen ing sepur sing alon, penumpang dijak KAI ngrasakake endahe sesawangan pegunungan Jawa Barat. Mangkane cendhelane nganggo kaca sing bening lan amba.

Yen lelungan nganggo sepur menyang Jawa Tengah utawa Jawa Timur, penumpang bisa ngematke sawah-sawah. Nanging saka sepur Pangrango, sing katon wit-witan, jalaran rile  ngubengi Gunung Pangrango.

Sukabumi sing mapan ana ing ereng-ereng gunung pancen subur. Jaman biyen wong Landa betah ing Sukabumi jalaran bisa tetanduran teh lan kopi. Mesthi wae wong Landa ora nandhangi dhewe, nanging ngongkon pribumi, wiwit saka nandur, ngerumat nganti panen.

Mbokmenawa kahanan jaman penjajahan ing Sukabumi padha karo ing Lebak, tlatah ing sisih kulone Kabupaten Sukabumi. Edward Douwes Dekker, sawise mundur saka jabatan Asisten Residen Lebak, nulis Max Havelaar sing jlentrehake uripe kawula Lebak sing mlarat versus penjajah sing sing dadi ndara ing  tlatahe wong.

Beda karo Lebak, cathetan babagan Sukabumi dudu crita fiksi, nanging dokumen kebon teh lan kopine dr. Andries de Wilde  ing taun 1815. De Wilde uga sing ngganti jeneng wewengkon kuwi  saka Tjikole dadi Soekaboemi, tegese “tanah sing disenengi”.

Penumpang sing lungguh ing lajur tengen sepur bisa ndeleng ora mung kebonan, nanging uga Kali Cisadane sing tansah ngetutake ril. Ing tlatah Cijeruk kali kuwi menggok  ngiwa, ngancani penumpang ing lajur kiwa. Cisadane salah sijine kali gedhe ing Pasundan. Dawane 126 kilometer, mili saka Gunung Pangrango menyang Segara Jawa. Saka cendhela sepur, kali kuwi katon ayem. Apa Cisadane wis tau ngamuk kaya Kali Aare ing Swiss? Ya mesthine. Ing internet akeh crita korban sing kleleb ing Cisadane.

Sepur Pangrango kudu alon-alon ngelewati buyute gunung lan kali. Mbokmenawa sepur iki apik kanggo penumpang saka kutha sing biasane kesusu. Nunggang sepur sing mlaku kaya putri Sala iki wong kutha bisa sinau  gegayutan karo alam.

Jakarta-Sukabumi

Narasi Basa Jawa Liyane

No Results Found

The page you requested could not be found. Try refining your search, or use the navigation above to locate the post.

Web Narasi N.EWS

Menulis Narasi dengan Renyah & Lincah

 

Pengisi Konten: Endah WS

Page Builder: Divi/Elegant Themes

Layout Pack: Writer

Font: Cutive Mono (Heading)/Ubuntu (Body Text)

 

 

N.EWS

Body Shaming ing Tontonan Jaka Kendhil

Body Shaming ing Tontonan Jaka Kendhil

Body Shaming ing Tontonan Jaka Kendhil

Body Shaming  ing Tontonan Jaka Kendhil – Nalika cilik aku ing Surabaya, dadi ora tau nonton kethoprak. Barang melu kelas Sinau Basa Jawa kelas Wasis, aku kudu nulis kritik marang tontonan kethoprak. Aku ora arep keminter nulis komentar sing ora ana dhasare. Marga pegaweanku ing pendidikan, aku nulis kritik bab bodyshaming. Mangga diwaca.

N.E

Ringkasane Crita

“Kalih dasa taun kepengker, kula dipuntundung dening Adhipati Adhinegoro jalaran kula nglairaken jabang bayi ingkang ala,” ucape Bu Satiyem, ibune Jaka Kendhil ing lakon Kethoprak Jaka Kendhil, sing digiyarake RRI Surakarta ing Youtube.

Ing lakon kuwi Jaka Kendhil wujute ala, nanging wani ngelamar putra wuragil Prabu Kandhanagara, Widawati. Maune Widawati ora gelem, nanging Jaka Kendhil nggawa sangsangan Widawati sing ilang. Widawati wis tau sumpah sapa wing isa nemokake sangsangan arep dipek dadi sedulur (yen wadon) utawa dadi bojo (yen lanang). Widawati ora isa mingser. Dheweke ngelakoni sumpahe. Saya suwi Widawati saya tresna marang Jaka Kendhil. Amarga ana tresna saka wanita suci, Jaka Kendhil malih dadi sampurna wujute.

Wujut sing Ora Sampurna

Ala kuwi kahanan sing orang sampurna. Ing kethoprak Jaka Kendhil, dicritakake Jaka Kendhil wujute ala. Yen saiki kahanan Jaka Kendhil kalebu difabel. Wujut tangane sing memburi kalebu tunadaksa. Suarane sing bindheng lan ora cetha ngomonge kalebu gangguan komunikasi jalanan saka rusake organ wicara.

Jaka Kendhil sing duwe wujut ora normal diece lan dipoyoki wong-wong. Guneman sing kamucap kaya ngene:

“Mbok Satiyem, nganti wani mlangkah marang Ndalem kadipaten. Apa wis mbok pikir. Putraku ayu-ayu ngene lho. Anakmu Jaka Kendhil wujute kaya mangkono,” ngendikane Prabu Kandhanagara.

“Amit-amit,” jare Widasari barang ditari Prabu apa gelem karo Jaka Kendhil.

“Rupane elek,” ucape biyung emban.

“Kakang Jaka Kendhil ki wujute ala,” jare Widawati.

Nalika yang-yangan karo jaka Kendhil, Widawati nirokake swara bindhenge Jaka Kendhil.

Moyoki wong jalaran awak ora sampurna miturut standar sing dadi tulada kuwi kasebut body shaming. Sing dadi poyokan isa bab bobot (lemu/kuru), wulu nang awak, model rambut (kriting/lurus), werna kulit (ireng/kuning/putih), rai (pesek/sipit/mrongos/ndhower/ompong), tumindhak jalaran wangun awak (pincang/dhengklang/bungkuk), swara (bindheng/pelo), lan sapiturute. Body shaming isa marahi wong dadi sedih, ora percaya diri utawa depresi.

Ing lakon Jaka Kendhil standar awak sing sampurna kuwi kaya ngene:

Kanggo wadon:

“Entuk garwa ayu glewa-glewa,” Prabu Kandhanagara ngalem Prameswari.

“Putraku ki sanadyan putri ya gagah, gedhe, dhuwur,” kandha Prabu Kandhanagara maring prabu sing ngayunke putrane.

“Lembah manah, alus, klecam-klecem sumeh,” jare Adhipati Hendrakusuma bab sing jenenge Widawati.

Kanggo lanang:

“Gedhe dhuwur,” Prameswari ngalem Prabu

“Gagah lan ageng,” Widaningtyas jlentrehake idam-idamane sing Adhipati Bratamenggala Salokapura.

body shaming

Body Shaming

Jaka Kendhil kasebut-sebut ala. Saka paragane Jaka Kendhil ing panggung katon yen wicarane bindheng kaya wong sumbing, lan tangane kaya wong Cerebral Palsy.

Miturut elmu pendidikan modern, sanadyan wujute ora normal, Jaka Kendhil duwe kemampuan kognitif, afektif lan psikomotorik sing apik. Ing bab kognitif, Jaka Kendhil isa mikir kaya liyane. Dheweke ngerti tatacara ngelamar, tatacara ing kraton, lan apa sing dadi hake (nagih janji marang putri prabu sing tau kandha arep ngepek bojo wong lanang sing nemokake sangsangane). Ing bab afektif dheweke percaya diri, ngajeni, lan tresna marang Widawati. Ing bab psikomotorik, dheweke isa silat ngalahke prajurit lan prabu sing uga nglamar Widawati, isa nyekel sangsangan, isa sembah sungkem, lan isa njunjung kursi.

Sumber konflik carita Jaka Kendhil kuwi wujut awake. Sakjane resolusi konflik luwih apik yen Jaka Kendhil isa ngatasi masalah-masalahe jalaran saka persepsi sosal sing ora apik marang wong difabel. Umpamane dheweke isa dadi bapak lan bojo sing apik dibandingke mantu-mantu liyane, sanadyan ora sampurna wujute. Dadi sing ngatasi masalah kuwi tokohe dhewe, dudu sutradara. Ing lakon Jaka Kendhil, sutradara ngubah nasib Jaka Kendhil dadi wujut sampurna sakwise Putri Widawati ngucapke tresnane. Iki negeske yen sutradara ngusung body shaming: nasib apik kuwi kanggo wujud awak sing sampurna.

Narasi Basa Jawa Liyane

Kucing Ramadan

Kucing Ramadan

Kucing Ramadan adalh cerita tentang proses saya membuat boneka dacron berbentuk kucing untuk cucu saya yang berumur 1,5 tahun/

read more
Zig-Zag

Zig-Zag

Zig-Zag adalah nama desain untuk sajadah yang saya buat dari baju almarhumah Ibu. Desain ini bergaya crazy quilting.

read more
Kain Perca Kenangan

Kain Perca Kenangan

Kain Perca Kenangan adalah cerita mengenai sajadah dari baju almarhumah Ibu yang dibuat dengan teknik faux chenille dan slashing-cutting

read more
Daster Overslag Ibu

Daster Overslag Ibu

Daster overslag menjadi kekhasan ibu saya. Dalam proyek sajadah Ibu desain overslag menjadi model salah satu sajadah. Ini ceritanya.

read more
Sajadah Sulam

Sajadah Sulam

Sajadah Sulam10MARET, 2023Astronomy Life SocietyDonec quam felis, ultricies nec, pellentesque eu, pretium quis, sem. Nulla consequat massa quis enim. Donec pede justo, fringilla vel, aliquet nec, vulputate eget, arcu. In enim justo, rhoncus ut, imperdiet a, venenatis...

read more

Web Narasi N.EWS

Menulis Narasi dengan Renyah & Lincah

 

Pengisi Konten: Endah WS

Page Builder: Divi/Elegant Themes

Layout Pack: Writer

Font: Cutive Mono (Heading)/Ubuntu (Body Text)

 

 

N.EWS

× Hubungi saya